Prabu Kalimantara
Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur. Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan nguwasani tribawana.
Ana ing negarane sing gedhe lan jembar laladane, Prabu Kalimantara mbawahake wadyabala raseksa kang seneng ulah kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan kedhotan. Para nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten.
Para agul-aguling praja mau, ing antaraning kaya ta Arya Sarotama, Ardadhedhali, Tunggulnaga, lan Karawelang. Sang nata uga kagungan titihan garudha yaksa aran Banarata, ndadekake Prabu Kalimantara saya diwedeni dening para ratu saindenging ndonya.
Ringkesing crita lelakone Prabu Kalimantara iki, nuju sawijining dina sang prabu nglurug perang menyang Suralaya ngirid bala yaksa sagelar-sapapan. Sang Prabu nedya nyuwun widadari sajodho kang bakal dikarsakake minangka garwa prameswari.
Para wadya dorandara maune iya padha nyoba arep mbalekake bala raseksa kang nggunggahi kahyangan iku. Nanging wadya dorandara tetela ora kongang nadhahi yudane para manggala perang wadyabalane Prabu Kalimantara sing racak-racake padha dhugdheng kuwi.
Wadya dorandara keseser perange, dhinawuhan padha mundur. Kori Selamatangkep age- age ditutup. Para raseksa ngepung rapet Repatkepanasan. Bathara Guru lan Bathara Narada banjur nganakake pirembugan, netepake manawa perlu golek jago kanggo ngundurake para raseksa Prabu Kalimantara sawadya iku.
Untung dene wadya raseksa kang ngepung Repatkepanasan kuwi isih bisa disemayani. Bathara Narada banjur golek sraya marang Wukir Retawu padhepokane Begawan Manumayasa.
Sang begawan iku apeputra loro, yakuwi Bambang Sekutrem lan Bambang Sriyadi utawa
Bambang Sriyati. Kekarone marisi sipat lan budi luhure kang rama
Hyang Narada, sarawuhe ing Pratapan Wukir Ratawu banjur ngendika marang Begawan Manumayasa yen ngersakake mundhut putrane Begawan Manumayasa, ya Bambang Sekutrem, kinarsakake minangka jago kanggo munah satru sekti Prabu Kalimantara sawadya kang ngunggahi Suralaya. Sadurunge budhal, dewa maringi nugraha sanjata panah aran Pasopati marang Bambang Sekutrem.
Sawise matur sendika, Sekutrem banjur methuki Prabu Kalimantara sawadyabalane kang kandheg ana jaba amarga gapura lawang seketheng Selamatangkep ditutup dening Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata, dewa loro kang tugase njaga gapurane kahyangan.
Bareng weruh ana satriya ijen tanpa rowang marepegi, Prabu Kalimantara cingak. “We lha dalah! Kok iki para dewa mung ngajokake jago manungsa lumrah. Sing jenenge para dewa dhewe, kang padha nduweni kadigdayan wae wis ora ana sing kuwawa nandhingi yadaningsun, kok iki.…” mangkono batine Prabu Kalimantara.
Prabu Kalimantara banjur ndhawuhi titihane, garudhayaksa Banarata supaya nladhung Sekutrem. Ananging Sekutrem wis siap. Jemparing Pasopati linepasake ngenani Garudha Banarata lan Prabu Kalimantara pisan. Prabu Kalimantara nggereng sarosane, banjur ambruk ndhepani bantala, nemahi pati bebarengan karo titihane. Kaget semu gumun weruh ratu-gustine tiwas, para manggalayuda, Arya Sarotama lan Ardadhedali sawadya ngroyok Sekutrem. Ananging sing dikroyok iku satriya srayaning dewa sing banget prigel ulah sanjata. Wadya raseksa padha sirna gempang tan mangga puliha.
Lan eloking lelakon, dene kuwandane Prabu Kalimantara banjur malih dadi senjata pusaka Jamus Kalimasada. Kuwandane para manggala uga dadi gegaman kang tembene dadi pusakane Pandhawa.
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana
Ana ing crita-crita pedhalangan –kejaba ing lakon Babad Wanamarta– jenenge paraga wayang siji iki arang-arang banget kepurungu, beda karo jeneng-jenenge para Pandhawa lan Kurawa. Pancen dudu paraga lumrah, karuan iki sawijining tokoh manggalaning para jim kang urip ing kraton kajiman ing alas gung liwang-liwung, Alas Mrentani utawa Mertani alias Alas Wanamarta.
Lakon kasebut, sing kalebu lakon carangan, versine sajake ora mung trima siji loro. Minangka conto, pambabade alas sing sateruse dadi negara Amarta utawa Batanakawarsa utawa Indraprastha kuwi ana sing nyritakake yen sing mrentahake iku Pabu Duryudana, ratu Astina. Pamrihe ora kok dimen Pandhawa bisa duwe nagara, nanging supaya Pandhawa sirna dimangsa sato wana galak utawa jim setan peri prayangan. Jalaran Alas Mrentani ngono kondhang gawat keliwat-liwat, wingit kepati-pati.
Crita liya, sing ndhawuhake mbabad alas wingit kuwi Sri Bagendha Matswapati, raja Wiratha minangka tandha panarima marang lelabuhane Pandhawa mbengkas reruweting praja. Nalika mbabad alas kuwi, Pandhawa uga dibantu dening wadyabala Wiratha.
Intine lakon Babad Wanamarta iku salah sijine ngene: alas werit sing nedya kababat mau, kraton kajiman kebak brekasakan. Tetunggule jim cacah lima, sing jeneng-jenenge biasane dicritake kadidene: sing pembayun jim Prabu Yudhisthira, panenggake jim Arya Dhandhun Wacana, panengah jim Raden Dananjaya, uga sok ana sing nyebutakake jim Kumbang ali-ali. Warujune jim Nangkula-Sadewa.
Nalika Alas Mrentani wiwit dibabad Bratasena, jim Dandhun Wacana duka yayah sinipi, prentah marang kabeh andhahane supaya ngrangket Bratasena. Bratasena banjur dijalasutra nganti ora bisa ngglawat. Isane mung kari sambat-sambat ngundang Permadi. Nalika iku Permadi kang diutus ngupadi Sena, sawise sowan Begawan Abiyasa, winisik murih marang pratapan Pringcendhani, ketemu pendhita ula gedhe Begawan Wilwuk. Ana kono pinundhut mantu kadhaupake karo putrine sing sesilih Endang Jimabang, lan pinaringan pusaka lenga jayengkaton, sing kasiate bisa kanggo meruhi kabeh alaming jim setan peri prayangan
Saka Pringcendhani, Premadi nerusake laku. Tekan Alas Mrentani krungu sesambate ingkang raka. Merga wis nggadhuh Jayengkaton, Permadi uninga yen Sena lagi kerangket ing jalasutra, banjur diuwalake saka bebandan, lan dicaosi lenga jayengkaton.
Sawise bisa weruh alaming lelembut, Bratasena genti nglabrag setan brekasakan sing ngreridhu anggone babad alas. Kabeh jim setan kaprawasa, padha lumayu marang ratu- gustine.
Sabanjure jim Prabu Yudhisthira sasedulur masrahake kratone marang Pandhawa sakadang. Jim Prabu Yudhisthira manunggal sajiwa marang pambareping Pandhawa. Jim Dhandhun Wacana nunggal sajiwa karo Bratasena sing wiwit kuwi asmane uga banjur nunggak semi karo jenenge manggalaning jim Alas Wanamarta iku. Jim Kumbang Ali-ali manunggal karo Permadi, lan jim Nangkula-Sadewa manunggal karo si kembar warujuning Pandhawa.
Wayang Arya Dhandhun Wacana iku, sing gagrag Jogja apadene Solo, wujude pancen memper karo Werkudara. Bedane, ing gelunge Dhandhun ngagem pasren garudha mungkur. Kampuhe biasane parang rusak, dudu poleng bang-bintulu, lan ora duwe kuku Pancanaka.
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa
Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.
Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku.
Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.
Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak- turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.
Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu
tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener.
Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina.
Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi
pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.
Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan.
Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari.
Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen
kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.
Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandhawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka.
Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi dudu anake Semar, amarga dumadine saka dipuja
ramaparasu
Rikating kandha, gelise kang munggel kawi. Liwunging pangamuk Sang Ramaparasu ambrastha para satriya, wus numpes kurban kang tanpa wilangan cacahe. Para golonganing satriya kang jirih nggetih pada kapilayu ngupadi papan pandelikan. Dene kang wani, kacandhak, sigra kasempal kaprapal kaprawasa. Ora mokal lamun para satriya kang nampa pawarta, yen ta Ramaparasu cedhak lan papan dunungira, sakala pada payus mukane, maras atine miris sesawangan marus, kayadene wus mulat dewaning panjabut nyawa, Bathara Yamadipati.
Nanging kena kaumpamaake, kadi dene dahana mangalad alad kang mbesmi kekayoning wana, sangsaya dangu tartamtu bakal sirep. Mangkana uga derenging kanepsonipun Sang Ramaparasu kang wus tanpa tandhing karana para satriya sampun tumpes tapis tanpa sesa.
Nalika samana kandheg lampahira Sang Ramaparasu, aneng tlatah kang ingaran Samantha Pancaka. Ing kana dumadakan tuwuh pangangen angen kang lumayang jroning driya.
“Wus sangkep anggonku brastha para satriya kanthi warata. Tan ana sawiji kang kesingsal, saban aku tumeka ing sawijining tlatah. Kabeh kang kang katindakake iku amung tumuju marang sawiji kang kaesthi, yaiku karahayoning jagad. Nanging apa ta sababe, bebrayaning urip isih nglairake golonganing satriya ing saindenging jagad. Yen ta kaya mengkana, mesthine tuwuhing golongan satriya iku, wus dadi kodrat kang wus kapurba lan kawasesa saka kang murbeng dumadi. Apa hiya garising tatanan urip iku kaya mengakana? Sakal Sang Ramaparasu mandeg mangu. Jroning ati amung ana rasa suwung kang ambabar rasa kuciwa.
Saka judheging rasa, wadung kang tansah sumandang ing gigir tinakonan. Patrape Ramaparasu, yen kadulu kaya dene wong kang nandang tonen.
Wadung, wus sepira cacahe golonganing satriya kang wus kaprawasa? Kowe sing dadi seksi! Mider saindenging jagad lakuku, ora ana kang kaesthi amung ngayahi sesanggeman. Ora saka pamrih marang sawiji wiji golongan, luwih luwih pamrih tumrap dhiri pribadi. Kanthi tulusing ati, tak aturake darma bektiku tumuju marang Hyang Widi Wasesa. Kang tak ajab amung karaharjaning ngaurip. Wektu iki aku wus lalu yuswa, nanging Paduka Pukulun maksih tetep anglairake para satria kang jumedhul mbaka sawiji ing saindenging papan. Sanajan susul sumusul lairing para satriya, bakal tetep tak leksanani darma kang laras kalawan rapuhe angga.
Nanging karana ngapa, para satriya isih terus linairake? Kandhanana wadung, paran sejatine, apa kang kasebut sejatining sesanggeman kuwi! Kandhanana, ing ngendi bab kang becik kang kudu tak tindakake! Apa jeneng ingsun kudu nglarapake Panahku Bargawastra marang ing akasa suwung, sahengga ilang musna, sirna saka jagad raya? Kanthi mangkana aku ora kumudu lumaku njajah desa milang kori, ngambah negara negara, lan papan kang ora kaduga suku iki jumangkah.
Genti gumanti sanjata kang tansah sumandhing kasawang, wadung lan pusaka panah Bargawastra. Wadung kaselehake, ganti ingarasan Panah Kyai Bargawastra kang uga tumuli sinelehake ing watu gilang.
Heh Bargawastra, kowe sanjata kang ampuhe anggegilani. Ora ana sajuga, kang keduga nandingi kasektenmu. Semana uga ora ana salah sawiji wiji satriya lan golonganing mahluk apa wae, kang keduga ngalahake yudaku. Kira kira ing ngendi papane Bathara Wisnu kang kesdu nguji kasektenmu.
Gumremeng guneme Ramapasu, anjinggleng mandeng senjata sakti Bargawastra. Kang pinandeng tan ana mosik, neng kaya watu ning kaya banyu. Sakala sesawanganing netra amung suwung, pasuryane suntrut peteng. Angles kekes kinunci nalanira, sahengga tan bangkit anenimbang tindak. Wusana Ramaparasu lungguh ing sangandhaping ampingan watu pepereng. Sesawang ing ngarepira, adoh anglangut tan ana watese.
Mila mangkana, mangsakala iku Sang Ramaparsu wus lalu yuswa, rikma wus asawang nyambel wijen. Senajanta blegering raga maksih santosa, netra tuwa isih murub mangalad, karosane isih tetep kagila gila kaya keduga nembus betenging waja. Nanging wujud sarira wus saya suda sesawanging mudhane, kaya sinedhot ing ubenging mangsa kala.
Apa ingaran muspra kang tak tindakake seprana seprene? Ngudarasa jroning batin, saka sumuk amuking pamikir jro panggalihira. Nanging kaya sinengkakake, sakala tuwuh pangucaping batin. Pangudarasa kang pranyata malah dadya kejot tumraping rasaning pribadi.
Sintha Kandhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.